27 Desember 2022   06:34 WIB

Resepsi Hamengeti Pahargyan Tanggap Warsa ingkang Kaping 273 Kabupaten Blora

DPRD    Berita

Wonten ingkang spesial saklebetipun Resepsi Hamengeti Pahargyan Tanggap Warsa ingkang Kaping 273 Kabupaten Blora nun inggih rawuhipun sesepuh pinisepuh Bapa R. M. Yudhi Sancoyo (Bupati Blora 2007-2010), Bapa Djoko Nugroho (Bupati Blora 2010-2015, 2016-2021), Bapa Drs. H. R. Soebronto Yoesoef (Wakil Bupati Blora 2000-2005), saha Bapa H. Abu Nafi, SH ( Wakil Bupati Blora 2010-2015).

H. M. Dasum, SE, MMA minangka sesepuh wonten DPRD Kabupaten Blora saha brayat ageng DPRD Kabupaten Blora anggadahi tekad sesarengan Bupati lan Wakil Bupati mbangun Blora berkelanjutan, salah satunggaling tekad punika minangka wujud nyata saged dipun pirsani, bilih wonten ing ari Selasa Wage surya kaping 29 November kepengker, DPRD Kabupaten Blora sampun sesarengan nyepakati APBD Kabupaten Blora Tahun Anggaran 2023. “Mula pamundhut kula, sing padha eling lan waspada. Eling marang Ingkang Gawe Agesang kanthi lampah ratri, zikir wengi, nyuwun pangaksami lan pangayomane Gusti, amergi Gusti paring dalan kanggo sapa wae sing gelem ndalan”. tembung Dasum.

Ing ngajeng, mugi sedaya saged enggal makarya kagem kemajuan lan kesejahteraanipun masyarakat Kabupaten Blora.

Abang-abang kembange kara
Kembang kara cacahe papat
Ayo sesarengan mbangun mBlora
MBlora Kawentar saindenging jagad
 #hutblora #blora273


Info